Jumat, 24 Januari 2014

Kidung: Pepeling (bag.2)

Wong jujur digawe ajur
Wong tulus malah digerus
Wong bekti tansah dipepeti
Wong mukti mumet dibeteti

Iki pancen jaman edan
Wus kaserat pujangga wikan
Tangise umat tambuh nalongso pisan
Sandang pangan mung kari koretan

Tundane jagad jamadi umrik sengit
Meruhi priyagung kang podo kakehan anggit
Pakartine podo ngungkuli demit, Ngumbar janji sundul langit
Kasunyatane rakyat mung nampa pait

Jagad jamadi nuli kubro
Ora lilo nyunggi kang watak angkoro
Budi pakarti utomo malah kasiyo-siyo
Geni angin banyu bumi rempeg suloyo

Iki pambukane goro-goro
Jagad jamadi mbeko suloyo
Dadi satruning sakehing jalmo
Jalmo kang wus ilang sifating manungso

Eling-eling pameling maniro
Enggal balio angejowo

Jowo ateges ngerti asaliro
Jowo ateges ngerti toto kromo lan agomo
Jowo ateges ngerti tepo sliro
Jowo ateges saguh ngalakoni budi pakarti kang utomo

(Mandor Klungsu)


Rabu, 08 Januari 2014

Kolam Renang Bojana Tirta

Kolam Renang Bojana Tirta Pisangan Lama Rawamangun - photo keluarga

Location: Bojana Tirta Swimming Pool - Rawamangun, East Jakarta.
Model: Trisnoaji Family's
Date Taken: 12/29/2013
Event: Year-End Holidays
Photography by Rudi
Camera: Canon Digital IXUS-75

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | Grants For Single Moms