Jumat, 19 Oktober 2012

Kidung: Pepeling

Sigra kawedhar lan kababar
Kang kawedhar babagan samar
Lamun kababar, koyo-koyo ora tinemu ing panalar
Tirta satetes nyidem geni sakarang kobar

    Tangise rakyat uwus sundul tumekaning langit
    Nanging nayakaning praja malah podo kakehan anggit
    Rebut kuasa numpuk banda ngeruk duwit
    Nemahi kahanan negara dadi tambah remit lan wingit

Wusanane Hyang Wenang ngutus wadya bala langit
Nyirep kobar pokaling manusa kang wus kanjingan demit
Mbabar ngudari kahanan kang remit
Mbabar mbengkas babagan kang wingit
Kang dipun pandegani satria piningit

    Satria piningit katitik pujangga
    Caraka kang datan suwala
    Mengku reh sangang kedaton patrap prasoja
    Ngregem rusianing awang-awang lan pratala
    Biso lungguh ing telenging lang-lang buwana


Kidung dari Sahabat: B. Kromodongso

0 Komentar:

Posting Komentar

Bagi komentar anda, monggo...

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | Grants For Single Moms