Jumat, 31 Mei 2013

Nadhoman

Gusti sinuwun nawuri sorban, ngideri mesjid minangka udan.
Dipun beber Nyi Mas Ayu Siti Fatimah Gandasari saking dermayu.

Duh Gusti sae temen, sorban niki kangge sinten.
Jawab Gusti sorban niki, kange umat kanjeng nabi.

Umat ingkang purun sholat, serta nurut perintah sunat.
Perintah Allah kan den pasti, ora tinggal sampe mati.

Lamon sira dadi wong mampang, ngalamat bakal kejurang.
Perintah Allah, perintah rasul, ahli nabi dipun singkur.

Ngaku bisa ning syahadat, takabur kang lewih berat.
Berate ngaku bisa, mongko Allah bakal nyiksa.

Siksane kasiya-siya, sira nyingkur ning wong mulya.
Aja sambat kaningaya, bakal teka mungsuh ira.

Sing kandel-kandel kulite, sing akas-akas balunge.
Sing tegas penjawabane, diganden mangsa wurunge.

...

0 Komentar:

Posting Komentar

Bagi komentar anda, monggo...

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | Grants For Single Moms